NIHMALIOBORO.COM – Wakil Wali Kota Yogyakarta, Bapak Wawan Harmawan, dados salah satunggaling responden ing Sensus Ekonomi 2026 ingkang kalaksanakake déning Badan Pusat Statistik (BPS). Pendataan dipunlampahi kanthi langsung wonten ing Griya Dinas Wakil Wali Kota Yogyakarta lan dipunpandhegani déning Kepala BPS Kota Yogyakarta, Bapak Joko Prayitno, saha para petugas.
Sakwisé nglampahi pendataan, Bapak Wawan ngaturaken bilih proses sensus lumampah kanthi cetha, rinci, lan boten prelu damel masyarakat sumelang. Miturut panjenenganipun, data ingkang dipunkempalaken badhé dados dhasar ing panyusunan kawicaksanan pamaréntah supados langkung trep kaliyan kabutuhan masyarakat.
“Alhamdulillah, enjing menika kula pikantuk kunjungan saking Kepala BPS Kota Yogyakarta saha para petugas kangge nglampahi Sensus Ekonomi. Kula remen sanget awit pendataan menika migunani sanget kangge panyengkuyung pembangunan Kitha Ngayogyakarta. Pitakenipun rinci lan cetha saéngga saged nggambaraken potensi ekonomi ingkang kita gadhahi,” ngendika Bapak Wawan.
Panjenenganipun ugi ngaturaken bilih saben data ingkang dipunsukakaken déning masyarakat badhé maringi paédah ageng tumrap panyusunan manéka program pamaréntah, mliginipun ing babagan pangembangan UMKM, pambiyantu usaha masyarakat, saha program-program sanès ingkang langkung trep sasaran.
Pramila, Bapak Wawan ngajak dhateng sedaya warga Kitha Ngayogyakarta supados kersa nampi rawuhipun petugas sensus lan maringi katerangan kanthi leres manut kawontenan ingkang saestu.
“Mangga kita sedaya sami ndhukung kalaksanane Sensus Ekonomi 2026. Data saking panjenengan badhé dados paédah tumrap kemajengan lan karaharjanipun masyarakat Kitha Ngayogyakarta piyambak,” pangandikanipun.
Samentawis punika, Kepala BPS Kota Yogyakarta, Bapak Joko Prayitno, nerangaken bilih Sensus Ekonomi 2026 inggih menika pendataan ingkang kalampahan saben sedasa taun sepisan. Tujuwanipun kangge mangertosi gambaran struktur perekonomian Kitha Ngayogyakarta, mirsani pangrembakan saben sektor usaha, saha ngenali potensi unggulan daerah.
Panjenenganipun ugi ngaturaken bilih masyarakat boten prelu sumelang utawi ragu nalika dipunrawuhi petugas sensus. Sedaya data ingkang dipunsukakaken dipunjamin kerahasiaanipun lan namung dipunginakaken kangge kapentingan statistik.
“Mangga boten prelu ragu nampi rawuhipun petugas sensus. Aturaken jawaban kanthi jujur lan manut kawontenan ingkang saestu. Sedaya data panjenengan dipunjamin aman saha kerahasiaanipun, lan badhé dados dhasar kangge nggambaraken kahanan ekonomi Kitha Ngayogyakarta kanthi langkung trep,” ngendika Bapak Joko.
Sumangga kita sami nyengkuyung kasilipun Sensus Ekonomi 2026. Bukak lawang nalika petugas BPS rawuh, paringana wekdal sakedhap kangge mangsuli pitakenan, lan aturaken data kanthi leres. Awit saking data ingkang akurat, badhé lair kawicaksanan ingkang langkung trep, pembangunan ingkang langkung tumata, saha Kitha Ngayogyakarta ingkang saya maju lan makmur kangge kita sedaya.





