Pemkot Yogyakarta Mbukak Program Latihan Kaprigelan Nyambut Gawe Taun 2026 Gratis!

Pemerintah Kitha Yogyakarta lumantar Dinas Sosial Tenaga Kerja lan Transmigrasi Kitha Yogyakarta malih mbukak kalodhangan tumrap warga masyarakat kanggo melu Program Latihan Kaprigelan Nyambut Gawe Taun 2026. Program menika dipunajokaken dhateng warga Kitha Yogyakarta ingkang kepengin ngundhakaken kaprigelan sarta ngambakaken peluang nyambut gawe menapa dene usaha.

Lumantar program menika, para peserta badhe pikantuk latihan kaprigelan ingkang asipat praktis lan aplikatif, sahingga saged langsung dipunginakaken kangge mlebet ing donya kerja utawi ngembangaken usaha mandiri. Sedaya latihan dipunparingaken dening instruktur ingkang sampun pengalaman ing bidangipun, sahingga para peserta saged pikantuk kawruh lan kaprigelan ingkang jumbuh kaliyan kabutuhan jaman samenika.

Berita Lainnya

Ingkang narik kawigatosan, program latihan menika boten dipunpungut wragad utawi gratis, sarta khusus dipunperuntukaken tumrap warga Kitha Yogyakarta kemawon. Kanthi wontenipun program menika, dipunajeng-ajeng masyarakat saged ngundhakaken kompetensi, nguataken daya saing, sarta gadhah kalodhangan ingkang langkung wiyar ing donya kerja menapa dene kewirausahaan.
Manfaat ingkang saged dipunpikantuk peserta, antawisipun:

Latihan kaprigelan tanpa wragad (gratis)
Materi latihan ingkang praktis lan berorientasi ing kabutuhan kerja
Dipuntuntun dening instruktur ingkang sampun berpengalaman
Mbukak kalodhangan kangge nyambut gawe menapa dene berusaha mandiri

Warga ingkang kepengin ndaftar saged enggal-enggal nindakaken pendaftaran lumantar aplikasi Jogja Smart Service ing menu Pendaftaran Pelatihan. Kajawi menika, pendaftaran ugi saged dipuntindakaken kanthi langsung rawuh dhateng kantor Dinas Sosial Tenaga Kerja lan Transmigrasi Kitha Yogyakarta ing Loket 5.

Program menika dados salah satunggaling upaya Pemerintah Kitha Yogyakarta kangge ngundhakaken kualitas sumber daya manungsa sarta nyengkuyung masyarakat supados langkung siap ngadhepi tantangan donya kerja ing mangsa ingkang badhe dhateng.

Pramila, warga Kitha Yogyakarta ingkang kepengin ngundhakaken kaprigelan lan mbukak kalodhangan masa depan ingkang langkung sae, Program Latihan Kaprigelan Nyambut Gawe Taun 2026 menika dados kalodhangan ingkang sayang menawi dipuntilar.

Pos terkait